Assalamu’alaikum warahmatullahi
wabarakatu
Bapak kepala
sekolah ingkang minulya, bapak saha ibu guru dahat kinurmatan. Kaliyan kanca –
kanca sedaya ingkang kula tresnani.
Saderengipun
sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang
Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan arupi kasarasan, satemah
panjenengan lan kula saged makempal wonten ing adicara punika kanthi bagya
mulya.
Wonten ing
adicara perpisahan kelas 9 punika, kepareng kawula minangka sesulih saking
kelas sanga ngaturaken sesorah. Sampung tigang taun kula sakanca sekolah wonten
smp 1 wonsobo punika. Kula sakanca ngaturaken agunging panuwun kagem bapak saha
ibu guru ingkang sampun maringi ilmu kagem kita sedaya. Anggenipun pados ilmu
wonten sekolah, kula sakanca asring ndamel bapak saha ibu guru duka, nanging
panjenengan sedaya tansah sabar anggenipun ndhidhik kita.
Ingkang
salajengipun, kula minangka sesulihipun kelas 9 badhe nyuwun gunging
pangapunten mbok bilih salebetipun kula dipundhidhik temtu kathah sanget
kelepatan kula, pramila kersa bapak saha ibu guru nglunturaken sih pangapunten
dhateng kula. Kula sakanca ugi nyuwun pangapunten kagem para rayi kelas
anggenipun wonten ing sekolah kita asring ngganggu sampeyan.
Ingkang
pungkasan, kula sakanca nyuwun donga pangestunipun bapak saha ibu guru, mugi –
mugi kula sakanca dipunparingi gampil anggenipun pados sekolah kaliyan nggayuh
gegayuhan. Kula sakanca ugi ndonga mugi – mugi SMP 1 Wonosobo kedah tambah
majeng kaliyan tambah sae.
Cekap semanten
atur kula, menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Mugi – mugi ingkang kula aturaken kala wau migunani tumrap kula kaliyan
panjenengan sedaya.
Kula pungkasi,
wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatu
0 comments:
Post a Comment